Vol. 1: Halo, Bagaimana Kabarmu?
-------------------------------------------------------------------------------------------
Bacaan Pendukung.
Di sebuah
sore sempurna yang sinar oranyenya menembus dari sela ranting pohon munggur,
angin yang berhembus perlahan mendarat paripurna di permukaan kulit tubuh dan
sementara suara langkah gontai mahasiswa terdengar lamat-lamat dari arah
dekanat, kami dengan perasaan bersuka-gumbira mengunjungi seseorang yang sering
dianggap penyelamat oleh para mahasiswa, wabilkhusus mahasiswa lapar namun tak
berduit. Tampilan fisiknya yang baby face dan sifatnya yang lentur serta
fleksibel membuatnya dekat dengan mahasiswa.
Ia tak hanya
pintar meramu masakan yang dipesan spontan tapi juga pandai momong ketika ada
mahasiswa yang sedang bermuram durja. Sosoknya yang keibuan sering membikin
hati merindukan orang tua di sana. Ia adalah sosok penting, pegiat kuliner
tingkat grass root.
Adalah Ibu
Anton, istri dari Bapak Anton, telah dini mengajarkan kepada kita bahwa jika
ingin mendaulat diri menjadi seorang aktivis haruslah dimulai dari masalah-masalah
sepele. Satu misal iaitu masalah perut. Urusan perut merupakan urusan paling
fundamental. Politik adalah lidah. Barang siapa menguasai pangan maka ia pasti mendapat
kuasa. Ketiadaan perasaan kenyang akan membuat kendornya semangat pergerakan,
dan kemerdekaan mustahil tercipta.
Movement
yang dilakukan Ibu Anton mungkin tidak akan tercatat oleh penulisan sejarah namun
gerakannya penting untuk diingat. Ia telah mengajarkan konsep keihklasan kepada
kita bahwa perjuangan harus dilandasi dangan hati tanpa ada hasrat mendapatkan
imbalan. Hal itu tercermin nyata dari sikapnya yang tangguh nan teguh. Ia tak
kapok-kapok membuka kantin meskipun buku utangnya kian menebal saban hari.
Inilah hasil obrolan santai dan
singkat dengan beliau. Selamat menikmati.
(hasil obrolan tetap dipertahankan
dan dituliskan sesuai bahasa ucapnya demi menjaga unsur keaslian karakter tokoh
serta atmosfer-suasana)
K: Bu Anton ki seko tahun kapan tho bukak kantin iki?
BA: Seko tahun 2011 opo 2010 yo mbak?
(bertanya pada Haruka, asisten Bu Anton,
bukan nama sebenarnya hanya panggilan sayang dari rekan-rekan mahasiswa)
H: 2010. Akhir bulan kae, September 2010.
K: O berarti aku mlebu kae yo, eh tapi aku yo iseh ngonangi Mak Badar, nah
bar kuwi Bu Anton mlebu.
BA: 2010 kuwi ketokke, Oktober opo
September.
K: Seko biyen awal nganti saiki, luwih rame ndi buk?
(Bu Anton berhenti sejenak. Ia bergerak melayani seorang mahasiswa yang
membeli rokok. Mahasiswa itu ternyata Fajar Riyanto, seorang mahasiwa veteran)
K. Aku ra sisan pakde? Hahaha.
FR: Ha monggo ben dicatet Bu Anton.
Hahaha. Nek aku udah ndak punya tanggungan, udah tak bayar semua, soalnya yang
mau lulus, semua diteror hahaha.
(Fajar Riyanto pamit pulang dan Ibu Anton melanjutkan obrolan)
BA: Paling laris ki tahun piro yo.
Pokok e kuwi rameeee banget, pas ono proyek kae kan rame banget, pas jamane Tejo
kae lho. Sakdurunge barang.
K: Berarti iso dititeni seko angkatane Tejo sih ono yo?
BA: 2012 po yo (sambil mengawang ke atas) Kuwi paling rame banget wi. Iyo 2012
akhir ke bawah ki rame banget. Ning akhir-akhir iki sepi wisan, 2016 iki. Nek
2015 iseh tetep rame. Mung awal semester iki keroso rodo sepi.
K: Ibu kan bendino neng kantin, trus bendinane yo ketemu cah-cah,
mahasiswa, dosen-dosen, karyawan. Kantin kan dadi pusat persinggahan ngono kae,
nek ono jeda kuliah rene, nek bali kuliah rene, nek lagi suntuk rene, dan
paling ora kan bu anton ngerti nganu to buk, sing dirasakke mahasiswa ki kepie?
Sing dirasakke dosen ki koyo pie? Gersulone, sambate koyo piye, kan mesti
ngerti kabeh, bahkan Bu Anton yo sambat barang to. Nah opo sing dirasakke Bu
Anton seko kui kabeh?
BA: Yo nek menurutku biasa-biasa we
to nek hal-hal ngono kuwi. Biasane cah-cah ndene, nek ra ndedit muni, “Buk, aku
randedit.”
K: Ngutang ngono kae yo buk?
BA: Haaaa. Ngono kuwi. Biasa tho kui.
K: Ngomongke bab utang buk, nganti saiki, utang paling uakeh sing tau dicatet
Bu Anton ki piro?
(Haruka dari depan pintu tengah tiba-tiba menyahut)
H: Rongatus!
BA: Rongatus luwih.
K: Luwih piro kui buk?
BA: Yo rongatus seket ewuan lah nek
ra salah.
K: Nek sing yang paling sithik? Hahaha.
BA: Yo nek sing paling sithik yo…. (sambil tertawa) Mangewu. (berhenti
sejenak untuk berpikir) Sek tak anu kan ngene, bocah-bocah ki ngko do teko akeh
tho. Teko madang, nah aku raiso nguaske siji-siji wonge kan, biasane ono bocah
langsung do kabur ngono. Ora mbayar.
K: Bocahe lali ngono kae? Tur tetep mbalik tho buk dino sakwise? Ora mbok
tegur buk?
(berhubung file suara terkena error, hasil jawaban dari pertanyaan di
atas gagal ditranskrip. Mohon maaf)
K: Buku-buku utang sing wis kebak kuwi yo iseh disimpen buk?
BA: Wuuu.. wis tak buang, wis do
ilang barang e.
K: Sing iseh disimpeni suk tak scan e wae bu, tak fotone.
BA: Hahaha dingo ngopo?
K: Dinggo arsip, soale kuwi lucu banget buk hehehe. Lha, nek sing rung
bayar piye buk nek bukune wis digenti opo ilang?
BA: Ha wis tak salin neng buku anyar.
K: Suk golekke yo buk yo buku-bukune sing wis kebak, nek rung kebuak lho.
BA: Akeh sing do ilang, sik iseh kan
yo sik iki (sambil menunjuk buku utang terbaru)
K: Sesuk iki nek kebak ojo dibuang lho buk.
BA: Lha iki wes kebak (sambil
menunjuk buku utang terbarunya sekali lagi)
K: Yo sesuk tak nganune, tak scane yo, aku nyilih.
H: Ibuk wae nganti galau mbukak
catetan (dibaca: buku utang).
K: Nek keluhan buk. Ono ora?
BA: Sek, sek, tahun piro yo kui. Kae
akeh tenan, dadi ono cah-cah pespa lawasan kae lho. Pespa lawasan do teko kae, wonge
koyo brutal-brutal kae njaluk rokok bungkusan-bungkusan. Akhire ngomong “Buk, catet.”Berhari-hari ra
teko meneh. Lha kene kan yo piye yo. Tak takokke bocah sik liyane ora do kenal,
padahal kuwi bendinane teko kene. Tak kiro kan bocah kene do ngerti, ning do
ora ngerti ternyata. Ora kenal karo wong kuwi, tapi kok teko neng kene ngono
lho.
K: Dudu mahasiswa kene berarti?
BA: Aku ra kenal. Ha tak kiro kan bocah-bocah
do kenal. Nek dosen-dosen ra doh berkeluh kesah neng kene. Ning kene mung
madhang.
K: Nek cah-cah buk, ono ora sing curhat ning Ibuk?
BA: Yo rahasia, raiso tak ceritakke
kuwi.
K: Sing rahasia kuwi tetep disimpen, tur biasane cah-cah cerita bab opo
to buk? Rasah nyebutke jeneng rapopo.
BA: Nyeritakke opo yo? (sambil sedikit menahan ucapannya)
K: Ha kan biasane aku ngerti bu anton lagi dicurhati. Ojo diganggu sek
iki berarti hahaha.
(Haruka lagi-lagi kembali menimpali)
H: Mahasiswa sik curhat ki jarang,
paling yo mung jajan.
BA: Hooh, paling yo mung jajan biasa.
Bar kuwi njuk, “Buk, sesuk yo” Hahahaha.
(Bu Anton dan Haruka tertawa)
K: Trus iki terakhir ki. Nek seko Ibuk dewe ki, sing diarepke seko kantin
media rekam ki sing kepiye?
BA: Sing jelas ki, bocah-bocahe kan
ora koyo ndisek to. Nek koyo ndisek lagi mlebu kan kompak ngono lho, jaman-jaman
kae kantin rame banget. Dadi setiap hari ki kantin iso rame ngono lho…
Nek koyo saiki kan biasa ngono lho,
dan bocah-bocahe ki koyo piye yo… Opo mergo PPAK-ne wingi ngono kuwi yo? Gek
karo senior ki ora ono ikatan piye-piye yo?… Ngono kuwi lho sik tak maksud.
K: Nek seko nganu buk, seko kampus kan kantin ki ra dikei kursi padahal
cah-cah e tambah akeh.
BA: Nek mejo iki kan aku usaha dewe, nggowo
dewe aku. (sambil mengarahkan
pandangannya ke arah ruang kantin depan)
K: Ono pesen ra buk nggo birokrat dhuwuran?
BA: Yo nek iso kan kantine iki dimajukke,
dijembarke. Rencanane kan bagian mburi iki meh dikei atep dadi iso dikei mejo
ro kursi, tapi kan isih rencana dan bakalan sui to kui.
Ndisek kan mejo-mejo dideleh karo
cah-cah ning ngarep, tur raoleh. Kon mindah neng mburi. Tur tep dieyeli to. Yowes
dipasangi kuwi saonone sek ben iso dinggo nongkrong. Nah neng mburi kan lahane
kosong dadi iso tambah rame to kantine, nongkrong dadi luwih penak, ono
iyup-iyupe. Yo mungkin suatu saat isolah kantin iki maju.
Aku ki asline ono mejo ro kursi. Tur
meh tak deleh endi ngono lho, nggone kan ora ono.
K: Mbiyen kan tau to buk, Pak Anton nggawe mejo ro kursi.
BA: Iyooo biyen kaeee.
(file suara rusak, obrolan selanjutnya tidak terselamatkan. Mohon maaf
sekali lagi. Muah :))
Selesai.
-------------------------------------------------------------------------------------------
Suasana Acara: